About Malang, 29 November 2021 - Arek Ngalam pasti kadit asing ambek seng jenenge Songgoriti. Jarene nggen iki kawasan sing penduduk podo ramah-ramah mergo gurung kenal wis dikongkon mampir.
Ndek Songgoriti dewe cidek karo Taman Rekreasi Tirta Nirwana lan kawasan rekreasi liyane.
Dilansir AboutMalang.com tekan web ppid.batukota.go.id, Lokasi Songgoriti iki ono ndek Desa Songgokerto, Kecamatan Batu sing melbu ndek kawasan Ngalam Raya.
Baca Juga: Prakiraan Cuaca BMKG untuk Daerah Malang Berlaku Selasa 30 November 2021
Tibae Songgoriti iki ono sejarahe, yoiku ono Candi Songgoriti sing dadi peninggalan Kerajaan Mataram Kuno ndek abad ke 9-10 sing sekitar tahun 886.
Candi Songgoriti iki dewe dadi kebanggan gawe warga Kota Batu opo maneh ndek jaman saiki jarang ono wong sing eruh sejarah Songgoriti.
Jarene juru kunci Candi Songgoriti, Hariyoto nyeritakne ndisik kawasan ndek daerah Songgoriti iku nggak iso dihuni oleh menungso mergane isih berupa kawah sing panas.
Nanging sak wise Mpu Sendok sing dadi Raja Medang utowo Kerajaan Mataram Kuno lan Mpu Supo pas lelungan yen Daerah Songgoriti iki iso didadekne nggen perkampungan.
Maringunu, Mpu Supo lan Mpu Sendok ngelakoni meditasi gawe njaluk petunjuk nang Sing Kuasa.
Mari ngelakoi meditasi lan oleh petunjuk yen Daerah Songgoriti iku iso gawe nggen menungso ambek syarat kawahe ditutup ambek candi maringunu Mpu Supo lan Mpu mbangun candi gawe nutup kawah iku maeng.
Baca Juga: Gae Umak sing Seneng Tail Film, Iki Rekomendasi Bioskop Nang Kota Ngalam
(***)
Artikel Terkait
Ralf Rangnick Resmi Diperkenalkan oleh Manchester Unied Sebagai Pengganti Ole Gunnar Solskjaer
4 Rekomendasi Nakam Ingeb nang Kota Malang, Gawe Sing Bingung Ingeb Nakam Opo
Kunjungi Markas Besiktas, Presiden Arema FC Belajar Pengelolaan Stadion dan Merchandise
Mendengar Kabar Ameer Azzikra Meninggal Dunia, Ini Respons Oki Setiana Dewi
Ramalan Zodiak 30 November 2021 Cancer, Leo, dan Virgo Saatnya Memanjakan Sang Kekasih